12/27/2016

.:: JENENG ² ::.

Jyan kaya anu wis suwe banget  rasane ora nulis ngapak maning, eh jebulnya wis  arep telung tahun yah? klamite jabang bayi, ujarku nembe wingi yaqin. Daripada laka bahan tulisan mendingan nerusna bab jeneng maning lah, ora papa mbok? -mboke nangendi sih miki jyaan...

Arep mbahas apa miki lah dadi kelalen...oh ya nerusna mbahas jeneng tapi sing di bahas masalah paraban baen lah. Paraban kuwe jeneng sing ora resmi alias non-formal biasane ora ketulis nang akte kelairan nek di tulis nang buku bon warung lha iya, contone Kaki Jembrung -rokok 3 ler, sampo ketengan siji, sabun separo. Biasane jeneng paraban kuwe anu hadiah sekang wong, tapi yakuwe biasane sekang polahe dewek sing elek-elek nek ora ya anu julukan fisik sing njelehi pokoke lah.


Ana maning jeneng paraban biasane nggo mbedakna jeneng wong sing pada baen. Biasane sih dijenengi sesuai profesine. Tapi uga ana sing diparabi seka  profesine sanajan jenenge dewek elaka sing madhani. Contone nanggonku gemiyen ana wong sing dadi tukang bengkel pit mawi jenenge padha dadine siji dijenengi Warto Wangkring sijine Warto Pedal. Terus padha-padha jenenge Hadi tapi ingone-ingone beda, sijine dijenengi Hadi Bebek sing sijine Hadi Sapi. Terus ana maning Karto Patri, San Soto, Gimun Becak, Mad Ayam pokoke nek diterusna kebek kiye..

Nah,  ana maning dalam hal perjenengan selaine paraban uga ana jeneng-jeneng sing sebisa mungkin aja nganti nggo jeneng anak putune rika kabeh, tak wei contone ya..
1. Budi, nah jenengan kiye biasane dihindari nang perusahaan Leasing,  ya minimal di acc tapi nang kuthir dewek alias paling mburiiii dewek. Sebabe apa? rika ngerti perihbahasa kiye mbok? "Hutang nyawa dibayar nyawa, Hutang budi dibawa mati" guweeh mboook....(ya izya).
2. Lisa, aja nganggo jenengan kiye lah melas bocahe yakin. Sering nang tipi-tipi kae akeh pernyataan menganalisa....sitik-sitikmenganalisa. Melasi yaqin dela-dela ana kata-kata anal...ajalah sebisa mungkin di hindari.
3. Asep. jenengan kiye biasane anu nggo kambing hitam masalah kebakaran, dadine ya melasi lah. ora mungkin kan nek ada asep nggak ada apinya?
4. Lina, nek mau lisa siki Lina, jenengan kiye biasane sok dadi absurd -ngerti artine absurd ora rika?  nek ora ya brarti pada karo Inyong-. Jenengan kiye dadi absurd nek lengkape dadiLina Karolina. Mbingungi kan? lha Lina koh karo Lina sih kepriwe kuwe?
5. Rina. jenengan kiye termasuk kategori absurd nomer loro. Tanggaku gemiyen ana sing jenenge Rina Katarina Winarni. Mumet apa ora rika? jenenge kuwe Rina apa Winarni sih sebenere ora genah temen?
6. ora nana sing nomer nem lah, rampung. Ujarku arep nulis setitik malah dadi akeh kaya kiye, ya rugi inyong...semmm.

7/31/2011

.:: Jeneng ::.


Jere Lik Shakespeare "Apalah arti sebuah nama". Hla terus? ..ya mbuh, wong kuwe anu nggo preambule tok men keton sangar ngutip ungkapane Lik Shakespeare....
Wis lah ora usah dibahas....sing penting nyong arep mbahas masalah jeneng, utawane jenengan, tenger, lan aran. Nek nang Jawa utamane daerah banyumasan jaman siki kayane wis mulai ilang jeneng-jeneng sing asli njawani, soale mulaih kejajah nang Arab. Termasuk jenenge anaku dhewek, wong jere kyaine nek njenengi sing apik kuwe sing Islami. Islami? ya islami..........tapi bareng entuk referensi sing komprehensif sekang nganah-ngeneh termasuk narasumber jebul jeneng islami ora ana sing ana kuwe jeneng arab....uwalah.
Jaman gemiyen biasane gawe jenengan ora angel-angel sing penting kena nggo tenger, sing umum ya miturut dina pasaran laire, Sage lair nang Slasa Wage, Tugi = Setu Legi, Sapon = Slasa Pon, nek ora malah dina pasarane tok misale Kliwon nek lanang hla nek wadon ya Manis. Tapi ana sing jenengan aneh miturute nyong sing ora umum tapi nyata misale SebrotRuntah, ana maning Komet (kayane nggolet dukun bayi ora ana nganti komet). Terus ana sing berdasarkan peristiwa pas laire misale bareng karo bada ya dijenengi Slamet Riyadi, lair pas wulan purnama ya dijenengi Wulan.....Nah ana maning sing jenengeHirlan Darwis singkatan sekang laHir nang daLan moDar ya Wis...



Nek jenengan wong kuna sing tekan siki esih dienggo ya ana baen, contone Rana (Ranadiwirya), Marta(Martareja) terus Sandi (Sandimeja). Jan-jane wong gemiyen ya gaul-gaul wis ngerti jenengan apik, ora kaya siki nek jenenge ora maen ya jenengan celukane digolet sing maen contone Turinah dadine Rina,Jumiyem dadine Umi, Slamet dadine Mame, terus kancaku sekolah gemiyen jenenge Soleh malah njaluk di celuk Slash ya ora papa bebas lah. Terus ana maning jenenge Edi Wardiono men keren ndean njaluk diceluk Edward, tapi ana siji kancaku sing jenenge Widhy Christanto ujarku men gaul kebarat-baratan tur singkat-padet diceluk W.C. malah ora gelem....he..he..
Tapi sing njelehi maning wong endonesah sing wis pada terkenal nang dunya ya kaya kuwe pada ganti jeneng kayata Saniatun siki wis dadi penyanyi terkenal ya ganti jeneng dadi Shania Twain, terus Kang Urip sekang Brebes wis dadi bintang pilem ya ganti jeneng dadi Keanu Reeves, ana maning bakul sate madura sing jenenge Cak Nurisman siki wis dadi bintang eksen hollywood ya kaya kuwe ganti jeneng dadiChuck Norris, terus wong batak sing jenenge Arnold Siregar mbareng terkenal ya dadi Arnold Shwarzenegger, terus si Waka-waka maune jenenge ya Sakirah mbok lah sing umahe ngarepe Nini brewut bakul tempe.
Terakhir kiye masalah jeneng (wis kesel goleh ngetik koh..) nek nang njawa gemiyen jenengan wadon biasane mburine nganggo em karo ah contone Paikem utawa Painah, nah kiye kayane urung ana sing meneliti asal usul em karo ah kuwe mau, nek miturute inyong sih.. berdasarkan suara alami wong sing sok nyuara em..emm.....emm karo ..ah....aah....aaah kuwe biasane ya wong wadon, mulane pas nek jenengan wong wadon mburine nganggo em karo ah..


Wis lah.....semoga menjadi paham yang tidak menyesatkan jama'ah sekalian......

EkperimenQ..

Aku ngingu welut tek wadaih drum ukuran wadah oli.., dengan diameter 30cm, ketinggian lumpur 45 cm. air 5 cm dari lumpur sirklasi udara aku rasa cukup tek tanduri suket soloran cuz nggolet enceng gondok ra nemu ning kene,,, tapi apa yang terjadi welutku sekarat mau esuk wiz sekarat 3 padahal ning njero tek bruki welut cilik 12 apa gara-garane nganggo air berkaporit apa yah.?? hmm eksperimenku nyariis gagal ngger kaya kiye...!!!

2/07/2011





Kayane wis lawas banget inyong ora ngumpul-ngumpul karo kanca-kanca kuliahan ganu sing biasa gradag-grudug ngalor-ngidul. Apamaning wektu wis meh lulus, gaweane dolan bae sing istilahe touring. Maen banget mbok? lah grombolane jenenge JT alias Jamangah Turing. Inyong esih kemutan pernah maring daerah Purbalingga tapi lewate jalur Baturaden sing manjat adoh banget. Dalane kaya rimba belantara, lumayan sepi. Jen kudu dibutuhna jiwa petualang banget (padahal sih biasa bae he..he..). Lan sing penting maning kudu kuat montore, paling ora ya merk merk sing lumayan terkenal lah misale Honda apa Yamaha. Aja kaya kancane inyong sing nganggo montor merk ora nggenah, ya harap maklum bae angger ketemu tanjakan lumayan rekasa ngereng-ngereng motore (wonge juga) padahal langka sing mbonceng. Dadi ana pelajaran pertama; nek ketemu tanjakan mending mlaku bae, montore dituntun.

Jalur turing liyane sing lumayan menantang maning yaiku jalur Purwokerto-Wonosobo. Wektu kue ana kepentingan karo penelitian sing dilakokna tentang tengu neng godhong teh, dadine padha turing maring perkebunan teh neng Wonosobo sekalian karo dolan ndeleng keadaan alam Wonosobo sing lumayan adem dibanding Purwokerto. Turinge ya lumayan rekasa, dalane kelak kelok ndilalah udan maning. Dadi kudu ati-ati dalane lumayan lunyu, akeh bis lan mobil sing gede-gede. Pas neng Wonosobo muter-muter maring ngendi ora, tapi sing madan lumayan nggo pengalaman yaiku maring perusahan teh PT. Tambi. Ndilalah ana kanca sing duwe sedulur neng perusahaan kuwe lan umahe neg Wonosobo. Seliyane olih pengalaman juga olih ampiran sing mestine kon padha medang. Balik sekang Wonosobo pas udan deres tapi Alhamdulilah slamet waras butul balik maning maring ngumah. Ana pelajaran nomer loro; Dolan ngendi-ngendi usahakna mampir nggone sedulure sing apikan.


tour de banyumas
Ana siji maning turing dalam rangka penelitian tengu yaiku maring perkebuna teh Kaligua neng pereke Paguyangan Brebes. Dalane juga manjat banget, bener-bener nguji ketahanan montor sing denggo. Syukur banget montor-montor tanpa masalah njlajah kawasan perbukitan menuju Kaligua. Perkebunan Kaligua amba banget berhektar-hektar, tapi ora ngerti pastine pirang hektar. Hawane juga adem jilep kaya perkebunan teh liyane. Neng kono ana telaga sing akeh lelene, jenenge telaga Ranjeng. Lele sing neng telaga ora pernah dijukuti sebab ana mitos angger dijukut bakal terjadi sesuatu mbuh apa ora nggenah. Tapi diambil positife bae bahwa larangan kue bisa kanggo sarana pelastarian sumberdaya lele neng Kaligua. Lepas sekang crita mau, pas neng Kaligua seinget inyong padha metiki godhong teh nggo dideleng tengune. Tapi pas diamati neng laboratorium jebule tengune setitik banget. Crita-crita ternyata tehe wis disemprot, ya pantes bae langka tengune. Pelajaran ketelu; nggolet tengu aja neng Kaligua.

Cilacap, ya Cilacap jalur turing liyane. Pertama montoran sekang Purwokerto maring pelabuhan Sleko Cilacap, dilanjutna numpak compreng (kapal kayu) muter-muter neng Segara Anakan gratis..tis. Sebabe mung melu ngancani wong penelitian iwak. Inyong kelalen jenenge tapi mbane kuliah neng Jerman penelitian thesis neng Segara Anakan. Inyong kemutan, keliling Segara Anakan nganti wengi lan udan deres banget, kelalen ora nggawa jas apa mantel udan. Akhire teles jebesss. Nggo pelajaran sing kepapat; Nek kepengin ora teles banyu udan, mendhing adhus banyu segara sekalian.


vespa idaman setiap wanita wk..wk..
Lah siki inyong kepengin crita pas turing neng Kebumen, sebelahe pantai Ayah. Inyong kelalen jenenge pantai apa, tapi jalure lewat Sumpiuh terus ngidul tekan segara. Neng kono ana wit semangkane akeh lan akeh wong dodol iwak. Dadine nyampleng banget, kesel dolanan mlaku mlaku neng pantai terus pada bakaran iwak, cuci mulute semangka. Maen banget pokoke. Kuwe dadi salah siji turing sing favorit masalahe pikiran bombong weteng wareg. Pelajaran penting nomer lima; nek turing aja kelalen urusan weteng.

Sebenere akeh banget tempat sing dikunjungi, tapi insyaalloh kapan-kapan tek critani maning. Sing penting siki anggota JT moga-moga ora kelalen kenangan-kenangan ganu pas padha giat giate turing nggolet pengalaman urip. Lah bayangna nek siki mungkin wis padha ora bisa, apa maning sing wis mbojo mestine ya mikir pindho nek arep muter-muter kaya ganu maning. Senajan kaya kue tapi mestine esih ana semangat moga-moga bae. Makane inyong takon maring kanca-kanca; Kapan enggane padha turing maning..?